8.19.2005

.......... sumpah aku sik ngantuk........

seloso
aku isik shock. selasa wingi kie dadakno ancene temenan. nanging ndrdheg-e sik sampe saiki. ya apa ngadhepi 40 dosen sing nontoke ae isok nggarahi sikil ngoplok sampe ngoprok... tapi sidane dadakno kie yo podo wae.... yo rodo mumes njelasno bedane frame dengan keyframe... ( sumplah sampe saiki dhewe aku ya binung kok) .
yen tak gagas-gagas ya podo wae lek aku kuliah biasa. nanging wingi kie ming ganti peran . yah dadakno ancene abot nerangno wong tuwo-tuwo soko jam 11 awan nganti jam 3. sumpah lambeku wes muru... ya apa wong 2 dino 2 wengi ora turu.. nggawe materi. trus mikir "liyane". yah ndilalahkersaningalah sidane beres. mari acara iku diceluk ambe sing mbaurekso trus diwenehi angpo. tak sawang isine .. lho kok !?#$@!
wuhuuu.... motor tak kebut nang vida... untung ae tasku rodo gedi. dadi ga isin nggowo barang ga genah. mari teko vida botol kotak tak tinggal nang kamar.. trus minggat lagi mbuh kemana ( off de record ) jam setengar rolas bengi mbalik nang kos. wes siap-siap nggowo citato lan bregoteng liyane. eh la kok meh mlebu gang wae ora iso? ancene ndladhuk wong-wong iki. hangaybagyo kmardikan kie mbok yo ojok nganti ngganggu kebutuhaning wong liyo? wong yo podo arep mendhem karo ngrasani tonggo ae kok ndadak ribet nutup dalan. nyusahke wong sing arep mulih wae. ya wes aku sms ibuk iki "buk aku ga isok muleh, nginep nggenmu yah". sidane isok oleh nggen turu.

dino iki
mari ngebut nggarap pesenan lay out teko eq ambe alin. ngalkamdulilah wes beres. wuhuuuu !!!! mengko bengi mari nontok desperate houswife isok turu nganti minggu ( mumpung ga onok sing diapeli hi hi hi..)

1 comment:

Uyet said...

hueheuehue... seruw yaks insidentile... maneh2, selonjor wae ben ndak penuh wetengku ekekeke