7.12.2005

dulinan kapal-kapalan

isuk mau tangi turu udan duerees... walah udan salah mongso kie..... asline pengen macal sarung trus turu maneh nanging kok koyone nang ati ora sreg. aku njumuk mug, tak iseni karo kopi trus mudhun kanggo njumuk banyu panas.. wah asik isok ngopi isuk-isuk (lah wong aku kie bangsawan, bangsane tangi awan). trus aku niat nyangkruk sambi rokokan nang nggon pemean. lah ndelalah nang kono kok banjir. waduh.... ga sido cangkruk kie, batinku.
aku balik nang kamar arep mateni komputer sing wes sewengi murup. asli aku beengung arep ngopo wong jenenge ra duwe kegiatan. eh lah kok ternyata nang cedek mejo kompie onok gabus turahan soko ndekor. cept-cepet aku njumuk cutter namng laci. waaa ternyata aku isok gawe kapal-kapalan. wuuuhuuuu aku mlayu nang panggon pemeyan... kapal gabus tak cemplungno... eh ndelalah putune buk kos munggah nonton aku lagi dulinan kapal-kapalan. areke mlah njaluk digawekno pisan. yo wes tak gawekno wae. arek loro malah balapan kapal-kapalan.
nanging tak gagas-gagas mosok sik pantes seh arek umur 25 tahun dulinan kapal-kapalan teko gabus?

Flashback thitik....
jaman cilikanku biyen arek sak kampung kie kok sawangane guyuub. saben gang mesti onok ae arek dulinan engkle lek gak yo onok bekas garis soko boto sing nduduh ake menowo mari digawe engkle. lek gak ngono yo dulinan karet gelang, benteng-bentengan, dhelikan, gobak sodor, pandhe, balapan keong (yen nang solo kie pong-pongan), ngedhu layangan.
yen ra dulinan ngono yo paling mlindhesno paku nang sepur. di nggo gawe pedhang-pedhangan. yen ra ngono yo golek iwak gathul/cethul nang kalen.... sing rodo kriminal thitik kie nyolong tebu nang daerah colomadu, (yen konangan ditembak gawe peluru teko kapur).
yo asline uaakeh dulinan jaman cilikanku kie. aku sik kel;ingan dijewer karo simbok goro-goro srandhal jepit tak kethok-kethok dinggo gawe ban montor-montoran. trus nyolong jeruk bali nang pasar buah kulite dinggo gawe montor-montoran, jeruke dinggo rujakan arek akeh.
aku yo sik kelingan ndelik teko mbah goro-goro ngrubuhke wit gedang trus dijikuk papahe dinggo gawe bedhil-bedhilan.
bareng saiki yen tak delok-delok... wes arang-arang banget cah cilik sing dulinan koyok aku biyen. lah wong saiki dulinan akeh mulai mobil-mobilan nganti playstation. koyone dulinan biyen kie wes ra usum maneh...

yooo dolanan dakon***
watu item***
nang alun-alun***
dst..dst......

No comments: