7.07.2005

menungso tan keno kinoro

aku lagi pegen ngarasi uwong nanging ko ga enak.. amargo arekke kie konco sa angkatan, nanging lulus dhisikan lan wes dadi staff nang sekolahan. yoh wes timbangane dadi kukul nang bathuk tak tulis wae... biyen jaman sik sekolah seh wes ketok yen areke(pelaku) ga isok diajak srawung lan ora isok guyub karo konco liyane. mbok menowo pancene gawan bayi...
amargo dadi staff, kelakuane ora malih. nanging tambah ndodro.... wes dadi rasan-rasan konco liyane. senengane nyedheki kepala lab.... crito sing ora-ora babagan koncoku liyane (korban) sing ndelalah kie yo dadi staff sakbagian ambe dheweke. wiwit seko kene ceritane dadi rodo mbuleet.
kronologi..
korban oleh kamukten awujud beasiswa supoyo sekolah maneh nang singapur (lah singecet sopo? wes guyon lawas.... ga usah ngguyu). nangin onok masalah ambe pak kepala staf. amargo pak kepala staf ga sreg ambe proposal penelitiane korban. amargo dipikir ga onok hubungane ambe lab-e. nanging jarene pak sumardi.. walah salah.. jarene pak kepala suku lan anak buahe si korban didawuhi budhal wae lan diterusno anggone niat sekolah maneh.
sawijining dino onok kancil nag kebone pak tani.. walah salah maneh... sawijining dino, si korban oleh email teko sponsor kuliah nang singapur (duduk singecet). ndelalah pas korban moco email iku, si pelaku nginceng teko mburine. lan mindhik-mindhik lapur karo pak kepala staff...
si korban dipanggil. ditakoni macem2... di dhedhes nganti mbrebes mili (nanging durung nganti nangis getih). trus diultimatum menowo nekat budhal sekolah si korban ga bakalan ditompo maneh nang lab iku. sa umpomo pelaku ora lapor, ora bakal koyongono kuwi kedadiane....
nanging saiki seje ceritane....
amargo roso iri dengki lan srei
si korban saiki ngelu nganti ga wani buka email nang ruangane.
si pelaku sik isok ngguyaa-ngguyu ra rumongso duwe luput.
si balung ketambahan cerito gawe ngisi blog..

1 comment:

Omith said...

lo alah bosone rek rek aq ga paham masio aq yo wong jowo :((
coba translate no po o rek long long...heueuue