8.11.2005

senen-selasa-rebo di review

senen isuk...
koyo biasane dalam kondisi isih ngiler-ngiler antara sadar ambe gak ditelpun ambe konco luawaas banget ( pas jik jaman Yang Terhormat Yang Mulia Baginda Maharaja Soeharto isik dadi presiden ). "Lung, kamu kudu ke tempatku A.S.A.P! I need your help".
mak gregah sambi ucek-ucek moto, "hee onok opo dul?"
"wes ta lah mrene ae".
aku nontok jam lah kok wes jam 12 awan..... ya wes. aku adus sikatan dandan rodo setil ( nggawe hem nail item lengen cendhak ) aku budhal. iclik-iclik-iclik ( lah wong motorku ra isok mlayu jee, lek mlayu kan medeni ) tekan daerah prapen. ngobrol ngarol ngidul ternyata aku arep diwenehi garapan nggawe ilustrasi buku. wee laa.. aku ae ga isok nggambar dadi garapan iku ga tak trimo. terus ngobrol maneh disambi mangan awan ( lumayan lodeh kacang panjang +tewel tahu tempe, iwak tengiri... suwun yoh.. good lunch!!) eh lah kok onok koran. trus aku iseng iseng mbukak bagian iklan pilem... ujug-ujug aku kelingan lek koncoku iki mbiyen pas jaman pekak ora enak kie nate janjeni arep mbayari aku nonton. mumpung kelingan yo tak tagih wae...
sidane aku ambe koncoku budhal nang delta. nonton pilem "be cool" pilem-e asik guyone ga garing. bubar nonton aku mulih langsung turu.

dino seloso
tangi goro-goro kaget kie ancene ora penak. kiro-kiro jam 8 pas lagi ngimpi ketemu angelina jolie weh onok sms teko isine " dam saya pak rahman, kamu dicari bu wiji, harus segera menghadap"
wancrut, jasit, ndaldhuk, crut...."lah opo-opoan iki ? wong prosoku aku ga tau gawe masalah ambe wong-wong p4UA ko moro-moro dikingkon ketemu??" ya wes aku adus, trus iclik-iclik-iclik budhal nang kampus. mapir ke tempat pak rahman, menjlentrehkan masalah.
oo dadakno didawuhi ngasih tutorial flash. walah wong aku dikongkon ngajari koncoe EQ wae rodo mrinding lan tak lempar ke lemper (off de record lho iki, ngerti off gak?) ko malah dikongkon ngajari dosen sak uner.
aku sidane ngadep ibu wiji ngomong sedhelo trus minggat maneh nag kampus. OL ketemuan ambe poro lelembuting ndonya maya ( maya maneh-maya maneh ). bahas acara surpey gawe dino rebo.

dino rebo
isuk isuk jam setengah 8 ditelpun ambe mbak uyet. "luung ayo budhal !!!!" sumpah ing ngatasing jenenge lelembut ing ngendi wae kupingku dadi rodo mbengun nompo telpun iku. aku raup ( goro2 dino senen lan seloso ndadak adus, aku dadi rodo masuk angin) ya wes aku budhal nang omahe. nggawe kopi nang kono sambi ngenteni arek-arek. nglirik dapur kok dadakno akeh gedhang goreng, ya kanthi kulonuwun aku njumuk 5.
sik tas kopi entek separo arek arek teko ya sidane budhal aku ambe arek-arek ( eh sori onok bapak-bapak sitok ding )
survey pertama nang padusan pacet. dadakno panggonane ga asik. lah ya apa wong isine wong pacaran thok. opo maneh pemandian air panase lagi ditutup. ya wes tinggal glanggang colong playu sidane pindah lokasi nang cangar. walah dalane nggarahi rodo mumet. nanging pemandangane top markotop. aku nglirik kerdus-kerdus sangu seko nggone mbak uyet kok dadakno isine wes kalong akeh . wah ancene achmad g kie yo rodo nggragas susah aku mingsuh arek iku. kan ora lucu mosok cah gerang-gerang rebutan gedhang goreng. sambi mlaku sambi crito bab sing "off the record" (ngreti off gak?) yo isine ngakaak thok . sayang sing nggowo chitato lan sing nggowo radio gak melok. dadi rodo kurang ajur guyone.
tekan cangar dadakno panggone kurang syib. ya wes, kijange mlebu alas maneh. munggah gunung maneh . sak dalan-dalan aku kie isine nggumun karo nggumun thok. kok sik onok yoh nang jowo alas koyo ngene. trus kok onok yoh wong sing iseng nggawe dalan aspalan hotmix nang gunung lan tengah alas..... ancrut ancene wong endonesa kie kurang gawean tenan...
ora kroso monto kijang isok tekan cuban talun. ngomong ambe sing jogo ngarol ngidrul babagan panggonan kemah iki. panggone resik. kaline banyune bening ( ga onok suroboyo kali koyok ngene) akeh wit-witane, adoh teko penginepan/vila lan kendaraan ga kangelan aksese ( the pines ancene ndaldhuk, kapitalis, ga seneng nonton wong seneng). lan sing paling penting onok sing dodol bakso nang kono ( soale onok sing ga isok lek gak onok bakso, kecanduan boraks lan rhodamin). ya wes sidane rapat singkat lan aklamasi setuju nang panggon iku.
mari survey mudhun nang malang golek nakam ( ya apa tangi turu kok kongkong langsung budhal babat alas?) ketemu ambe jeng SHAVA ( jarene onok sing kangen kie ... eh off the record ding... ngerti off gak???) trus mangan es krim nang toko OENs . ( asli panggonane kuno ,asik lan larang/ eh ga larang nemen ding wong dibayari ). trus foto-foto nang alun-alun ( wah sumpah rugi lek ga melok wingi kan isok nambah koleksi foto sing isok nggarahi abot pas mbukak blog). mari iku langsung cabut suroboyo. ampe suroboyo mampir nang panggone bu uyt. asik mangan maneh ( suwun nggih bu nana ). mari kuwi aku mulih nang kos lang semapud.......

3 comments:

ompuns said...

sekedar Tips....tuku buku flash nang jalan semarang, ngkok gae bahan ngajar .... kari ceplos + ceplas manut buku iku...wes beress...

Uyet said...

baluuuuuunggggggggggg... !!!! :D

amelie said...

sumpah mas!!aku ngelu baca postinganmu...boso jowone tidak kumengertos..( hallahhhh!!!gaya cing!!)...blognya manis nih..bilu2..hihihi...baru pertama blogwalking ksini dah dhadapkan dgn postingan yang menjawa bgt...hik..hik..blajar jowo maning rekk....